Puisi Ngapak : Karambol

in #puisi6 years ago (edited)

Karambol


Jam setengah wolu punjul limolas nang njero patrol

Bareng anake kaki Dalimun sing jenenge Penjol

Jataeh ronda malah mung pada ngobrol


Penjol ngelingna:

"Urip nang dunya kaya karambol

kadang dislentik kadang disenggol

nek ora nothol ya ditothol

gole nglakoni awit mbrangkak ngantekan koprol

kadang munggah kadang ambrol


ning ora perlu ndongkol....

kabeh mau wis ana sing ngontrol

lakoni bae ngantekan wis pol"


Al Badamy, Karawang 25-8-2018

Lisong (Lingkar Sastra Gombong)

Sort:  

ngapak semlohee

Tumben nglongok lik

Posted using Partiko Android

Coin Marketplace

STEEM 0.15
TRX 0.15
JST 0.028
BTC 54034.48
ETH 2262.26
USDT 1.00
SBD 2.31