Wulan Ramadhan
Wektu poso iku sakjane wektu sing apik banget kanggo ngisi kegiatan sing bermanfaat, kaya moco Al-Qur'an, dzikir, lan ibadah liyane. Senajan turu uga bagian saka istirahat sing penting, yen kasepatan mung dienggo turu thok, rugi rasane. Kakean turu malah ora apik kanggo kesehatan. Sanajan turu iku penting kanggo ngistirahatke awak, yen kebangeten malah bisa ndadekake badan loyo, rasa malas, lan kadang malah nggawe kepala mumet.
Moco Al-Qur'an nalika poso iku akeh banget barokah lan ganjarane. Malah, ing wulan Ramadhan, saben huruf sing diwaca bakal dilipatgandakake ganjaran. Makane, luwih apik yen wektu luang dienggo nambah ibadah, ngaji, lan ndedonga, supaya poso kita ora mung nahan luwe lan ngelak, nanging uga nambah nyedak karo اللهﷻ
Tapi yen awak pancen kesel lan butuh turu, ya ora apa-apa istirahat sediluk, asal ora nganti ngluyurke wektu tanpa manfaat. Sing penting, tetep njaga keseimbangan antara ibadah, istirahat, lan aktivitas liyane. Makane, luwih becik yen turu diatur kanthi cukup, ora kurang lan ora kebangeten. Kanthi ngatur pola turu sing apik, awak tetep seger lan poso dadi luwih maksimal.