Simbah Ing Dolanan Bocah (Puisi Bahasa Jawa)

in #poetry6 years ago

Simbah Ing Dolanan Bocah


Ngono ya ngono ning aja ngono

Ngendikane simbah kawit jaman semana

Sanajan ukarane prasaja 

Nganti dina iki durung bisa dakbatang

Semone kebak panantang 

Golekana tapake kuntul nglayang

Apadene galihe kangkung 

Yen netramu durung cetha anggone nyawang

Lan ambegmu isih kumalungkung 

Ora prelu ngona ora prelu ngono


Geneya perkara jethungan lan gobag sodor bae 

Dadi adol wani ilang deduga 

Apa ora luwih becik bali menyang jamuran 

Sinambi ngresepi endahe padhang bulan 

Tanganku lan tanganmu raket gegandhengan 

Njembarake kalangan

Ayo bali tetembangan 

Benthike panemu aja nggugu karepe nepsu

Gathengan krikil uga isih ana sing pokil 

Apameneh gendra ngilangake dhuwit negara 


Wis ….

Sedhela meneh wancine surup

Aja lali reresik lan raup 

Diundamana kaya ngapa 

Datan nemu pedah lan guna 

Mung kang kudu dieling-eling

Kiwa lan tengenmu kabeh mitra 

Dina sesuk isih butuh kanggo andum crita 


Kebumen, 20180808

Lingkar Sastra Gombong (Lisong)

Sort:  

Tak paham artinya saya, ya baca ja.

Translate lah google wis pinter

Pinter kang sekolah ya,,,,,,,,,,,,,,,,,

Posting bagus.. sudah kami resteem ke 7860 follower.. Byteball tebar hadiah. Segera klaim airdrop anda!. (Sececah kontribusi kami sebagai witness di komunitas Steemit Indonesia.)

Coin Marketplace

STEEM 0.18
TRX 0.13
JST 0.028
BTC 57291.92
ETH 3066.72
USDT 1.00
SBD 2.36