Gregat Jenggilap (Puisi Ngapak)

in #poetry7 years ago (edited)

Gregat Jenggilap


Gemretek suara untuku

Nahan rasa nesuku

Bar Tangi turu

Bar ngimpi ketemu musuhku


Gregat Jenggilap

Njanggong terus tiarap

Ngkana-kanane,bar di cegat

Gemrojos kringetku katon mengkilap


Ra krasa ngepel tanganku

Umpama kemampleng dadi apa awakmu

Jagad peteng,rasane pega dadaku

 Ora katon,asem,jebul mati lampu


Kie gara-gara,wong turu salah wektu

Kaget krungu suara ora ana rupamu

Urung kumpul kabeh nyawaku

Bareng wis sadar,byar padang,jebul aku turu mripatku ketutupan kampilku



Karan Figo,  JKT, 3/9-18'11:42

Lingkar Sastra Gombong (Lisong)

Coin Marketplace

STEEM 0.13
TRX 0.26
JST 0.031
BTC 84460.98
ETH 1659.81
USDT 1.00
SBD 0.76